Serat Tripama

SERAT TRIPAMA
KGPAA Mangkunegara IV

       Serat Tripama (tiga suri tauladan) anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV (1809-1881) ing Surakarta, kaserat awujud tembang Dhandanggula cacahipun 7 pada (bait), nyariosaken          patuladhan Patih Suwanda (Bambang Sumantri),Kumbakarna lan Suryaputra (Adipati Karna)
Bait pertama dan ke dua mengisahkan kepahlawanan Patih Suwanda, Bait ke tiga dan empat tentang Kumbakarna, Bait ke lima dan enam mengenai Adipati Karna dan   Bait ke tujuh adalah kesimpulan/penutup.          
 
1. Bambang Sumantri
        Bambang Sumantri sasampunipun dados patih kawastan “Patih Suwanda” inggih menika Patihipun Raja Harjunasasrabahu saking negara Maespati ing jaman Sri Rama, paraga salebetipun cariyos Ramayana. Patih Suwandakawentar kekendelanipun, saged  ngayahi sedaya jejibahan saking Prabu Harjunasasrabahu ingkang wusananipungugur ing palagan perang lawan Dasamuka.

Bait 1
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sira anulada
Duk ing nguni caritane
Andelira Sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati         
Aran patih Suwanda
Lalabuhanipun
Kang ginelung triprakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni trah utama

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, singasmane Patih Suwanda.
Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama
 
Bait 2.
Lire lalabuhan triprakawis
Guna bisa sanis kareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang Manggadanagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun 
Purune sampun tetela 
Aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri
Suwanda maingrana   

Tegese lelabuhan telung prakara yaiku :
1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul,
2. kaya : nalika paprangan negaraManggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karoDasamuka, ratu negara Ngalengka, 
patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.  
  
2. Kumbokarno
Kumbakarna menika rayinipun Prabu Dasamuka raja Ngalengkadiraja (Alengka), senajan awujud raseksa nanging boten sarujuk kalihan solah tingkahipun kangmasipun nyulik dewi Shinta. 
Nanging nalika Ngalengkadiraja diserang musuh (SriRama lan bala tentaranipun), Kumbakarna tetep ksatria ngorbanaken jiwa bela tanah air.        
Kumbakarna gugur bela negara,sanes mbela kangmasipun.  

Bait 3.
Wonten malih tuladan prayogi
Satriya gung nagri ing Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Suprandene nggayuhutami
Duk wiwit prang Ngalengka 
dennya darbe atur 
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
Dene mengsahwanara

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyanwujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marangingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). 
Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mungmungsuh bala kethek.)
 
Bait 4. 
Kumbakarna kinen mangsah jurit
Mring kang raka sira tan lenggana
Nglungguhi kasatriyane
Ing tekad datan purun
Amung cipta labuhnagari
Lan noleh yayah rena
Nyang leluhuripun
Wus mukti aneng Ngalengka mangke
Arsa rinusak ing bala kapi
Punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane.Tekade ora gelem, mungmikir labuh negara,         lan ngelingi bapak ibune sarta  leluhure, sing  wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak balakethek.Luwih becik gugur ing paprangan.)

3. Adipati Karno
Adipati Karna kalebet paraga ing cariyos Mahabharata. Karna boten mbela Pandawa ingkang sedherek tunggal ibu, ananging mbela Prabu Suyudana (Kurupati) raja Hastina minangka bales budi awit sang raja ngangkat derajadipun. AdipatiKarna nalika lair kabucal ing lepen lajeng katemokaken lan kaangkat putra dening kusir Adirata, kadadosaken adipatidening Prabu Suyudana
Karana bab menika ing perang Bharatayuda Adipati Karna wonten ing pihak Kurawa kang sampun dimangertosi menawi Kurawa kalebu pihak ingkang  angkara murka.          
Sang Suryaputra gugur nalika  perang  tandinglawan Harjuna, rayinipun, tunggal ibu          

Bait 5.
Wonten malih kinarya palupi
Suryaputra narpati Ngawangga
Lan Pandawa tur kadange
Len yayah tunggil ibu
Suwita mring SriKurupati
Aneng nagri Ngastina
Kinarya gul-agul
Manggala golonganing prang
Bratayuda ingadegken senopati
ngalaga ing Kurawa

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. KaroPandhawa isih sadulurseje bapak tunggal ibu.                      
R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)  

Bait 6.
Den mungsuhken kadange pribadi
Aprang tanding lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
Dene nggenira pikantuk 
Marga denyaarsa males sih
Ira Sang Duryudana
Marmanta kalangkung 
Denya ngetok kasudiran 
Aprang rame Karna mati jinemparing, Sumbagawiratama.    

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atinejalaran oleh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone         
ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karnagugur kena panah. Kondhang minangka prajuritkangutama)           

Bait 7  Kesimpulan isi           
Katri mangka sudarsaneng Jawi
Pantes lamun sagung pra prawira;
Amirata sakadare; Ing lelabuhanipun
Awya kongsi buang palupi
manawa tibeng nista
Ing estinipun
Senadyan tekading budya
Tan prabeda budi panduming dumadi
Marsudi ing kotaman.

(telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titahliya, nggolek kautaman.
 
Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. 
samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.



1 komentar:

  1. Kunjungi juga https://www.synaoo.com/2018/01/serat-tripama-materi-bahasa-jawa-kelas.html

    BalasHapus

Diberdayakan oleh Blogger.
Hetalia: Axis Powers - Taiwan